9 Okt 2014

Tembang Gambuh :)



Gambuh
A.       Arti Tembang
Watake tembang gambuh yaiku menehi piwulangan marang kabeh wong. Saliyane iku tembang Gambuh njelasake yen manungsa iku ora isa urip dewe utawa nggantungake wong liya. Manungsa mbutuhake wong liya kanggo gawe kepribadian diri. Tembang iki okeh pituduh lan nasehat kanggo generasi muda babagan pentinge ngormati wong kang luwih tuwa.

B.       Tuladha Tembang Gambuh lan Artine
Sekar gambuh ping catur
Tembang iki tembang sing kaping papat
Kang cinatur polah kang kalantur
Sing dadi omongan yaiku lakon kang keblabasen
Tanpa tutur katula-tula katali
Yen ora dikandani bakal dilakoni terus
Kadaluwarso katutur
Ora di gagas apa sing dikandani
Katutuh pan dadi awon
Suwe-suwe dadi lakon kang ora becik

C.       Gancarne
Tembang gambuh yaiku salah sawijine tembang kang ngandung okeh piwulang. Tembang iki nyritakake babagan tugas lan kewajibane para generasi muda. Tembang gambuh kaping papat, yaiku tembang kang menehi pitutur supaya awake dewe iki kudu njaga guneme awake dewe. Kaya paribasan, ajining diri gumantung ana ing lathi. Omongan lan tindak tanduk kang ala lan wis keblabasen bakalan dadi aji kang elek ing ragane awake dewe. Pituture wong kang luwih tua saka kita kudu digatekake tenan, ora mung iku, kita kudu isa nglakoni apa kang dikandani wong tuwa saksuwene pitutur iku bener. Yen pitutur kuwi ora kita lakoni, suwe-suwe kita bakal dadi wong kang ala, ora enek sing ngormati lan ora bakalan dadi wong bener apa meneh sukses. Mula, ayo to awake dewe kudu bisa njaga lathi, lakon, lan tindak tanduke awake dewe supaya sukses lan dadi wong becik samubarange J

0 komentar:

Posting Komentar